Sawijining joko pingin kawin karo sawijining prawan. Dene dheweke lan calone wis podho cocoke, wong tuwane uga wis podho setuju, kari nemtokne tanggal wae.
Nganti tekan kono si Joko isih kuwatir yen sejatine prawan sing arep dinikah iku jebule wis ora prawan maneh. Nanging dheweke ora ngerti piye carane ngerteni bab iku. Yen langsung takon, mesthi njur marai tersinggung lan malah dadi mbubrahake rencana nikahe.
Mula kanggo ngilangi ganjelan neng atine iku, dheweke moro neng kancane senior sing kebetulan nyambut gawe konsultan bangunan.
"Piye iki, Mas? Nganti saiki aku durung ngerti yen calon bojoku iki isih prawan tenan opo wis ora prawan maneh. Carane ngerti piye yo Mas?" Si Joko takon.
"Ngene wae, kowe sadurunge malam pertama tukuo cet kayu, werno biru karo werno abang, terus karo tukuo sekop siji wae," mengkono kandhane mas konsultan.
"Lha trus tak nggo opo wae barang-barang iku mengko, Mas?" takone si Joko kebak rasa penasaran.
"Lha, kuwi suk pas persiapan malam pertama, sadurunge tandhing kuwi glindhingan baksomu sing kiwo ceten biru, sing tengen dicet abang," mangkono panjelasane mas Kontraktor.
"Lha trus?" takone si Joko tambah penasaran.
Seniore njelaske maneh, "Lha, pas tandhing dudohno bojomu. Njajal komentare opo. Yen komentar 'Weh, glindhinganmu kok antik, Mas? Bedo karo liya-liyane!' Langsung kepruken sirahe nganggo sekop!"