Jane aku ra arep misuh-misuh. Tapi apa daya kahanan soyo marai aku muneg, muntab, kemropok,... Djancuk tenan, pokoke! Iki pandemi Covid-19 kapan rampunge? Heeee????
Prokes! Prokes! Prokes! Dikon nglakoni protokol kesehatan wae kok uangel men? Goblok, pekok, opo picek? Lha yo jelas samsoyo nyebar viruse, samsoyo ngembyah kasuse, wong dho bebas-bebasan tular-tularan sak karepe dhewe. Dupeh ora ngrasakne, dupeh OTG, dupeh isih nom, isih kuwat, isih seneng leda-lede, ....
Protokol kesehatan iku sing penting jaga jarak, amargo virus iku nulare liwat abab. Ababmu sing kecing kuwi ngandhut virus yen kowe guneman, ambegan, opomaneh ngakak-ngakak tanpo masker. Biso nular marang wong sing jarak kurang saka semeter. Mulane jaga jarak, ora gawe krumunan, ora thongkrongan udad-udud bukak-bukakan masker.
Yen ora mungkin jaga jarak amargo nglakoni kewajiban, amargo golek nafkah, amargo nyukupi butuh, alasan ekonomi, okee.... maskere diagem nggih, Dhe, Pak, Bu, Lik, Ngger! Le, Ndhuk! Su! Masker kuwi kanggo nutupi dhapurmu ben ora los-dhol ababe mobat-mabit tekan ngendi-ngendi. Maskere sing standar, yo? Ojo sing digawe soko saringan wedhi! Ndladhuk tenan, wis dikandhani ahline jik ra gagasan.
Astane kuwi yo kudu ajeg diwisuhi gunane opo to? Yo ben virus sing tememplek neng astane kuwi biso katut banyu wisuh. Opomaneh kebiasaan tangan reged njur ditemplekne rai, useg-useg kukul, uthik-uthik upil, thithil-thithil slilit, yen kerep diwisuhi kan kuman-kuman kuwi biso sudo. Ora biso ngilangi 100% nanging biso nyudo kan lumayan? Kareben ora kemproh-kemproh banget uripmu, Dhus!
Jane yen dho manut nglakoni prokes ngono kuwi ora perlu ono pembatasan-pembatasan sing kudu diatur dening pamerintah kaya saiki iki. Batasan wae mbok langgar, dhasar kowe ki asu pranakan menungso tenan kok! Pamarentah wis menehi wewates kareben nglakoni PSBB (Pembatasan Sosial Berskala Besar), ora keno lelungan sik, ora kumpul-kumpul sik, ora mudhik sik, transportasi diwatesi nganggo aturan-aturan ketat, nganggo tes-tes Rapid Antigen, swab PCR, kareben podho lerem anggone arep mrono-mrene nular-nularake virus.
Leren sik, neng ngomah wae, rasah kudu mbedhal metu. Sekolah-sekolah wis digawe “prei” kareben sinau neng omah, kantor-kantor wis diberlakukan WFH (Work From Home), nanging kok yo nekad. Malah dho gawe acara, pesto-pesto sing ora nggagas marang protokol kesehatan. Viruse melu pesto, Su!
Kowe ki jane penak, lho. Kon neng ngomah kumpul karo keluarga. Adhem ayem berbagi kehangatan karo keluarga dhewe. Jalin keakraban lan katresnan, saling melindungi, saling memenuhi, penak kuwi! Bandhingno aku sing adoh saka keluarga iki. Dhewekan neng rantau, adoh anak, adoh bojo, adoh sedulur, adoh sapa-sapa, arep mulih keno pembatasan wing werno-werno mau, ngenes! Ngerti?
Pandemi iki marai ngampet tenan. Ning sing ngampet yo mung wong-wong kaya aku iki. Sing dhapuranmu tanpo masker kuwi sing ra kuwat ngampet. Wis penak-penak biso kumpul keluarga, isih golek kumpulan/kawanan liyane. Sing koyo mengkono kuwi biasane asu. Ning yen jenenge asu pranakan yo mungkin semono ugo.
Nyambut gawe yo nyambut gawe. Saperlune wae. Wis diatur sektor-sektor sing biso beroperasi 100%, ugo ono sing mung kudu 50%. Nanging protokol kesehatan kudu tetep dilakoni. Rodhaning ekonomi tetep kudu mlaku, ning kudune dilakoni kanthi ngati-ati. Aku ora nyalahake marang kegiatan-kegiatan sing vital kanggone ngaurip, sing pancen kudu dilakoni kanggo nuhoni kewajibane. Sing dak trenyuhi mung kelakuane poro segawon sing ora manut dening tatanan. Marai ngelus dhodho tenan. Suwe-suwe biso ambleg dhadhaku.
Ndilalahe sing keno penyakit ki kok yo malah pyayi-pyayi sepuh iku sing risiko tinggi. Sing duwe komorbid hipertensi alias bludreg, duwe komorbid diabetes melitus alias kencing manis, lan komorbid-komorbid liyane sing isih akeh maceme. Malah sing ketaman lara malah sing wis temoto, sing wis ora kakehan sembrono, sing ngati-ati. Sing pecicilan iku malah wong-wong OTG sing golek penyakit njur disebar-sebarake. Wis, rasakno yen wong tuwamu sing dadi korban amargo kurangmu ngati-ati.
Sing mesakne yo poro-poro petugas tenaga kesehatan kae. Risiko tinggi uga, amargo anggone makaryo ora mungkin jaga jarak. Alat pelindung diri yo ora njamin biso 100% aman kanggo dheweke. Mulo yo njerit, amargo siro kabeh wis ora perduli. “Wis karepmu! Indonesia terserah!” nate digaungke amargo kelakuane poro asu sing ora gelem diatur.
Tak deloke, iki sedhelo maneh pamerintah ngenekake vaksinasi kanggo Covid-19. Asu-asu pranakan menungso kuwi mesthi isih kakehan petingsing. Wedi disuntik, ning cangkeme njegog-njegog. Negoro wis ngalahi golek vaksin, rebutan karo negoro liyane, rakyate kari nompo gratisan penak, ning goro-goro asu pranakan dadi keno jegog kabeh. Jenenge jegog kuwi pancen ora penak dirungokne, ning sing kepangan jegoge yo akeh.
Wis yo, Su! Ayo njegog bareng! Ora kabeh asu angel diatur. Isih ono sing terlatih. Isih ono sing gelem ditoto. Ning aku pilih njegogi kowe, amargo aku wis melu ngampet. Aku lilo ngampet tenan, kareben ora dadi korban kelakuanmu sing sak penakmu iku. Pancen, djancuk tenan. Djancuuuuukkkk tenan!

0 komentar:
Posting Komentar