Jane aku ra arep misuh-misuh. Tapi apa daya kahanan soyo marai aku muneg, muntab, kemropok,... Djancuk tenan, pokoke! Iki pandemi Covid-19 kapan rampunge? Heeee????
Prokes! Prokes! Prokes! Dikon nglakoni protokol kesehatan wae kok uangel men? Goblok, pekok, opo picek? Lha yo jelas samsoyo nyebar viruse, samsoyo ngembyah kasuse, wong dho bebas-bebasan tular-tularan sak karepe dhewe. Dupeh ora ngrasakne, dupeh OTG, dupeh isih nom, isih kuwat, isih seneng leda-lede, ....
Protokol kesehatan iku sing penting jaga jarak, amargo virus iku nulare liwat abab. Ababmu sing kecing kuwi ngandhut virus yen kowe guneman, ambegan, opomaneh ngakak-ngakak tanpo masker. Biso nular marang wong sing jarak kurang saka semeter. Mulane jaga jarak, ora gawe krumunan, ora thongkrongan udad-udud bukak-bukakan masker.
Yen ora mungkin jaga jarak amargo nglakoni kewajiban, amargo golek nafkah, amargo nyukupi butuh, alasan ekonomi, okee.... maskere diagem nggih, Dhe, Pak, Bu, Lik, Ngger! Le, Ndhuk! Su! Masker kuwi kanggo nutupi dhapurmu ben ora los-dhol ababe mobat-mabit tekan ngendi-ngendi. Maskere sing standar, yo? Ojo sing digawe soko saringan wedhi! Ndladhuk tenan, wis dikandhani ahline jik ra gagasan.
Astane kuwi yo kudu ajeg diwisuhi gunane opo to? Yo ben virus sing tememplek neng astane kuwi biso katut banyu wisuh. Opomaneh kebiasaan tangan reged njur ditemplekne rai, useg-useg kukul, uthik-uthik upil, thithil-thithil slilit, yen kerep diwisuhi kan kuman-kuman kuwi biso sudo. Ora biso ngilangi 100% nanging biso nyudo kan lumayan? Kareben ora kemproh-kemproh banget uripmu, Dhus!
Jane yen dho manut nglakoni prokes ngono kuwi ora perlu ono pembatasan-pembatasan sing kudu diatur dening pamerintah kaya saiki iki. Batasan wae mbok langgar, dhasar kowe ki asu pranakan menungso tenan kok! Pamarentah wis menehi wewates kareben nglakoni PSBB (Pembatasan Sosial Berskala Besar), ora keno lelungan sik, ora kumpul-kumpul sik, ora mudhik sik, transportasi diwatesi nganggo aturan-aturan ketat, nganggo tes-tes Rapid Antigen, swab PCR, kareben podho lerem anggone arep mrono-mrene nular-nularake virus.
Leren sik, neng ngomah wae, rasah kudu mbedhal metu. Sekolah-sekolah wis digawe “prei” kareben sinau neng omah, kantor-kantor wis diberlakukan WFH (Work From Home), nanging kok yo nekad. Malah dho gawe acara, pesto-pesto sing ora nggagas marang protokol kesehatan. Viruse melu pesto, Su!