kadingaren sore iki datan ana udan
sanajan Nopember tumekeng tengah wulan
langit lan mendhung samya agawe wewayangan
jingga abra amernani sangkan paran
angsluping srengenge ing gegodhongan
mbarengi angsluping pikiran
ing werdining katresnan
sawise sore kang jingga angslup gumanti wengi kang biru
eseme wulan purnama katon ngawe-awe sajak kemayu
sanajan peteng ndhedhet ing latar kang tanpa lampu
ijen ing ngemper aku ndhedher ukara-ukara iki dadi guritan lucu
minangka nyamudana sakehing kekarepan iku
sejatine ing sandhing wit dhondhong iku nate dak pasangi lampu
nanging embuh sapa sing tega nggrathil nyolong, sapungkurku
ya wis, dak ikhlasake mbok manawa dheweke pancen lagi butuh
kanggo madhangi pepeteng kang ndadekake samubarang ora katon utuh
manawa uga pandelenge yen rada surup wus ora pati weruh
ora ana gunane uga aku ngedumel lan kudu misuh-misuh
wong ya aku dhewe marang dheweke durung karuwan yen wis wanuh
sing penting tentrem ayem ora ana sing seneng gawe rusuh
muga-muga ginanti dening Gusti kanthi rejeki gedhe ngungkuli gajah abuh
aku banjur bali marang jingganing sore lan biruning wengi
nalika langit resik lan lintang-lintang uga ngiwi-iwi
temen anggonku kepengin nguda rasa lan mbombong ati
supaya bisa tetep setya lan tansah teguh ing janji
mulat marang para patuladhan lan samekta ing gati
sanajan adoh saka gendhuk, cah ayu ganthilaning ati
tangise ati wis cukup ngebaki rasa kangen kang tanpa upami