Ing jaman Media Sosial iki gunane lambe kanggo pangucap wis sinulih dening driji kanggo ngetik. Unen-unen "ajining dhiri ana ing lathi" wus ora trep maneh. Awit diriji tangan cacah sepuluh, malah utamane jempol cacah loro ing piranti mobile, wus adoh anggone darbe peran kang luwih wigati. Semono uga unen-unen "waton mangap" apadene "waton njeplak" wis kurang trep, amarga mangap lan njeplak iku luwih ditujokake marang piranti kang diarani lambe utawa cangkem. Pramila manungsa jaman saiki sing umume kurang pinunjul ing pacelathon, katon menengan, in tlatah media sosial bisa dadi wong kang "criwis" ing samubarang lelakon. Luwih trep manawa wong-wong iki dhasare pancen nggrathil, amarga olah pikire kasalurake ora lumantar ing lambe, nanging lumantar drijine.
Jumbuh karo jamane saiki wis sarwa bebas. Ngongasake isi atine, isi pikire lan -jare- "ekspresi diri" ing jaman saiki wus bebas, ora perlu ewuh pakewuh apadene kaweden kena ing paukuman. Sinaosa ana sing dadi perkara amarga dianggep mendzholimi pihak-pihak tertentu, nanging akeh sing tembunge sajak kendel anggone alok, utamane kang ditujokake marang para pejabat, para tokoh sing terkenal, malah saukuran Presiden uga ora luput saka komentar kang surasane pedhes.
Kayadene sing wingi nembe wae rame ing media, si Deddy Corbuzier nganti nesu-nesu amarga kancane sing jenenge Chika Jessica diunekane PSK marang sawijining hater. Nganti hater iku dicekel, dilarak saka Jambi menyang Jakarta kanggo diadhepake marang para awak media kareben ngakoni manawa tumindake iku bener-bener ora becik. Kang mangkono iku dudu kedadeyan sing pisan-pindho. Sadurunge uga nate ana bocah abege sing diseneni Deddy amarga komentare sing ora mranani ati.
Pancen ora kabeh wong bisa kaya Deddy, contone pak Tifatul Sembiring nalika isih menjabat Menkominfo uga nate diunekane ora becus dadi mentri amarga jaringan internet luwih akeh pedhote tinimbang nyambunge. Nanging tanggepane pak Mentri wektu iku namung santai, "Benar katamu, Dik. Hiks! Jadi terharu...."
Samsaya dhuwur wit-witan, samsaya gedhe angin sing bakal ditampa marang wit mau. Yen seukurane pak Presiden, ora gumun manawa samsaya akeh angin kang midid sumilir marang piyambake. Dadi ora usah gumun manawa samsaya gedhe pangkat lan tanggung jawabmu, bakal gedhe uga pacoban lan gegodhan kang bakal tinemu. Terserah arep nanggepi kaya pak Mentri apadene kaya si Deddy. Sing genah yen kaya sing ditindakake marang si Deddy iku bisa marai kapok wong-wong kang sembarangan anggone kendel alok ing media sosial. Nanging effort sing digunakake uga gedhe, nggoleki lan marani pawongan sing darbe akun sembarangan iku uga ora gampang. Yen mung Jakarta-Jambi isih kena dijangka, nanging yen tekan Papua utawa luar negri mosok iya arep dilakoni? Ya gumantung niat lan tekad sarta sakabehing upaya kang gedhe banget ukurane.
Siji paweling ing kene, dadiya wong kang wicaksana manawa migunakane media sosial. Yen ora bisa guneman kang becik, ora usah guneman kang ala. Sanajan ala lan becik iku bakal ana tanggung jawabe ing tembe, ayo padha eling manawa kabeh manungsa iku butuh diajeni, butuh papan kang nyaman kanggo sakabehe. Manawa ora seneng digawe ora nyaman, aja malah gawe gara-gara ing papan tentrem. Iku paribasane ngubak-ubak banyu bening.

0 komentar:
Posting Komentar