Ngising? Bwek! Wingi ngomongake bab entut, saiki ngising! Iki blog kok suwe-suwe isine bangsane nggilani ngene. Ketara sing duwe wonge kemproh banget ya? Wis ben lah. Lha witikna kepriye? Arep nulis sing muluk-muluk ya tiwas ora gaduk. Luwih becik dadi wong kuwi kan sing prasaja, apa anane, ya ta? Sing penting uripe tansah katon endah lan seksi wae.
Kepriye wae sing jenenge ngising lan ngentut mono rak ya padha. Dina-dina dilakoni minangka padatan kang tan kena kendat. Malah yen nganti lowong, kudune ana pitakonan, "Sedina iki kok durung ngising ya? Mengko gek-gek…." Lha. Ndang dipriksakne kana.
Luwih-luwih padatan ngentut lan ngising iku kala mangsane ora kenal wektu lan panggonan. Yen pinuju lagi ana ing panggonan kang pribadhi, umpamane neng ngomahe dhewe, ora bakal dadi masalah kang wigati. Beda dene yen kedadeyan kebelet ngising mau pas pinuju ing sangkan paran, lagi mertamu, apamaneh ing sajroning kendharaan umum. Mesthine rada rikuk anggone bakal nglakoni mbuwang hajat iku mau. Yen wis kepepet, ya kepeksa sing lagi mertamu enggal pamit utawa nyilih jedhing. Sing numpak mobil ya bisa mudhun dhisik golek paturasan umum. Yen ra ana paturasan umum ya golek kali utawa kepepet-kepepete ngising neng kebon.
Yen lagi ing jero sepur biasane ana paturasan umum kang bisa dinggo ngising. Lha yen neng jero pesawat, sanajan ana paturasane, nanging mung bisa kanggo nguyuh. Semono uga ing bis-bis kalamangsa WCne ora bisa kanggo ngising. Lha, rak repot? Arep ngising neng kathok ya malah mesakne kiwa lan tengene, dadi korban aromaterapi sing ngedap-edapi ambune kuwi.
Luwih becik sumadya payung sadurunge udan. Iku unen-unen kang sejatine anane mung neng basa Indonesia. Tegese, tinimbang rekasa ing tembe mburine, luwih becik cepak samubarange. Tinimbang kebelet ngising nalika ing jero pesawat, mumpung ana wektu ngising dhisik neng bandar udara.
Iku mau pengalamanku wingi, nalikane mabur bali saka Manado menyang Gorontalo. Iku jalaran aku kudu budhal PP saka Gorontalo wiwit subuh nganggo pesawat perdana sing budhal saka bandara. Nglakoni ujian PAMJAKI ing dina Rebo, 18 April 2012, mung sak Modul (Fundamental B) langsung bali ing wanci sore nganggo pesawat jam 16.30 WITA.
Saka ngomah menyang bandara wayah esuk bisa ditempuh watara setengah jam, dadi esuk sadurunge subuh kudu wis adus lan cepak samubarange. Ora sempat ngising, wong ya ora krasa lara weteng.
Bubar check in nyempatake sholat Shubuh neng mesjid bandara, terus rada rikat ngoyak boarding mlebu pesawat. Ora sempat ngising, sejene ora krasa lara weteng.
Mabur watara patang puluh lima menit wis tekan bandara Manado, lanjut jalan darat nganggo mobil jemputan sing disupiri mas Alex, supir kantor ing Manado kana. Sisan golek sarapan sega kuning neng warung cedhak kantor panggonan kanggo ujian.
Bubar sarapan iku wetengku krasa wareg, lan kaya padatan yen wis kisenan pangan sajake wetengku wiwit kerja. Mulane sisaning bolus sing neng ujunging dalan pelepasan (silit) wis mulai njaluk metu. Weteng kruwes-kruwes sedhela ilang maneh.
Gandheng ora neng panggonan kang nyaman, aku ora ada-ada golek papan pangisingan, sejene uga wis ora krasa lara weteng. Aku malah banjur reka-reka sinau sedhela, banjur ujian dak garap kanthi pratitis.
Bubar ujian saktemene isih ana wektu, nanging aku ora nyaman manawa isih neng kantor. Aku njaluk diterke neng bandara wae. Yen wis neng kana bisa luwih nyaman sanajan kudu nunggu pesawat watara suwe. Sejene ngono mas Alex uga arep njemput tamu peserta ujian sing jadwale tiba dina sesuke. Tinimbang mengko sopire ndadak bolak- balik, luwih becik sisan budhal.
Ing bandara, mas Alex dak jak ngopi sedhela ing food court. Sawise cumawis kopine, aku pamit arep golek mushola kanggo nglakoni sholat dhuhur. Mas Alex iku Nasrani, kayadene priyayi Manado akeh-akehe pancen pemeluk Nasrani. Anggonku pamit golek mushola iku mung alesan, amarga aku ngiras pantes tinimbang pamitku ngising. Aku pancen sisan arep sholat jamak-qoshor dhuhur-ashar sabubare ngising, amarga miturut pengalaman ora bakal sempat ashar ing dalan.
Mbok manawa mas Alex mbatin, olehe sholat kok suwi. Ora ngerti yen aku lagi enak- enak nongkrong neng WC bandara Sam Ratulangi saperlu: ngising! Ing batinku dhewe satemene lega, bisa ngisingi papan-papan kang suk mbene bakal dadi tilasing kenangan. Bisa uga kanggo bahan crita ing anak lan putu, "Elek-elek ngene Mbah Kakung wis nate ngising neng ngendi-ngendi lho, Le/Ndhuk!" Bombong rasane ati, ora sadhar manawa sing diajak crita padha mithes irung!
Wis cukup samene dhisik. Aku arep ngising maneh iki!

0 komentar:
Posting Komentar