Wanci surup, mulih saka kantor swasanane uwis peteng. Iki mau ibune gendhuk nyusul neng kantor saperlu nunut mbukak Internet, golek materi kanggo ngampungake tugas kuliah S2-ne. Tekan ngomah, kaya biasane, rewangku isih ngemong gendhuk-gendhuk sakloron sing lucu-lucu. Dumadakan rewang mau lapuran manawa mesin pompa air ing ngomahku wis ora bisa mungel, alias mati. Wadhuh, klakon ora adus sore iki. Bisa-bisa gatelen nisik sawengi mengko? Maneh, ambune bakal brang-breng ngebaki kamar.

Pancen wis pirang-pirang dina iki mesin mau rada surut anggone ngetokake banyu, dibarengi maneh banyune rada nyetrum. Anggere kanggo wudhu utawa wisuh krasa grang-greng, lan nalikane banyu sing metu saka kran dak senggol nganggo test pen pancen murub test pen mau. Semono uga kran sing digawe saka wesi uga nyetrum, apamaneh mesin pompane dhewe jelas gedhe setrume, padhang murube test pen.

Watara wis kliwat jam nem sore, tangeh lamun toko sing dedodolan mesin pompa air isih ana sing bukak. Nanging isih ana pangarep-arep. Toko elektronik sing dumunung neng tengah kutha kae biasane isih bukak nganti jam 8 bengi. Sanadyan ora mesthi sumadya piranti sing dak karepake, nanging bisa dak coba mrana.

Sujune uripku isih rada kecukupan. Ing bab kang mengkono iku aku ora kangelan nggonku mikir saka ngendi dhuwit sing kudu dak cepakake kanggo tuku piranti elektronik sing wigati iku. Aku mung kudu mikir menyang endi aku bakal tuku piranti iku, regane pira dudu babagan kang wigati maneh. Sing penting sesuk esuk kudu bisa adus, ora prelu ngrusuhi tanggane minangka njaluk banyu kanggo adus.

Ing toko iku isih akeh wong sing mara saperlu tetukon barang elektronik. Ono TV, Kulkas, AC, Kipas angin, lan sapiturute. Sing dak goleki mung siji: pompa air, merk apa wae! Nanging pancen nasib lagi ora apik, toko iku wis ora sumadya maneh piranti sing dak karepake. Kanggo ngeman wektu, aku langsung jumangkah metu saka toko, nyabrang dalan. Ing kana ana uga toko elektronik sing luwih cilik. Mbok manawa sumadya barang kang dak karepake. Jebule uga ora ana. Clingak-clinguk... nengdi maneh ya?



Ing toko kang pungkasan iku aku nemu piranti sing dak karepake. Pompa air merk Panasonic, kaya merk pompa air sing saiki lagi rusak ana ngomah. Nanging modhele rada seje. Toko iku kok ya ndilalah ora sumadya merk liyane. Ndilalah maneh, sing merk Panasonic ya mung sak warna iku, ora ana modhel liyane minangka pilihan. Regane ndilalah isih kajangka ing kantong: Pitungatus pitung puluh lima ewu, harga pas!

Dak lilang-liling sautara, amarga yen rada beda modhele, mesthi rada beda uga carane masang. Mbutuhake pipa tambahan sanadyan mung sekilan utawa rong kilan. Mbutuhake sambungan-sambungan sing diwastani sock, knee, lan sapiturute. Yen nganggo basa sing rada njaman, ora isoh langsung “plug and play” kayadene yen masang piranti kanggo komputer kae. Kamangka, piranti-piranti tambahan kaya mangkono iku kudu diudi ing toko wesi. Ora salah maneh, wayah wengi mesthi padha tutup. Sesuk iku dina prei tanggal abang hari raya Isra’ Mi’raj. Toko-toko padha tutup! Dhuh, Gusti! Paringana PlayBook!

Kukuruyuuk...!
Wanci tabuh jam nem esuk. Blaik! Kawanen nggonku tangi. Dhumeh dina prei anggonku turu nglingker ora preduli brayat saomah padha durung bisa adus esuk iki. Banyu mung gari sauprit kanggo jagan yen arep mbuwang.

Wah... toko isih podho tutup. Meneh, dinane prei tanggale abang, durung karuan bukak. Saupama bukak, mesthi jam sanga lagi wiwit bukak. Yha wis, apa sing bisa ditindakake, ditindakake saiki. Mbongkar mesin lawas jebule gampang. Pipa hisap lan pipa doronge mung disambung nganggo uliran sock drat, dadi gampang anggone bongkar-pasang. Mbok manawa ana durjana, gampang anggone nyolong. Nanging aku percaya, ora gampang wong kang gelem colong-jupuk ing papan kene.

Wektu isih mrambat alon-alon, amarga durung ngancik jam pitu esuk. Nanging ibune gendhuk sajak ora sranta anggone pengin adus.

“Mas, durung bisa dinggo, pompa aire? Aku kudu adus saiki. Dina iki aku mlebu” ujare karo nyaut andhuk sing sumampir ing ongkek.

“Lho, iki prei tanggal abang kok mlebu? Tenanan ora?” anggonku wangsulan ngemu pitakonan kang awujud pepeling.

“Aku dhewe sajane yha ora sarujuk, nanging wingi dhosenku njadwalake ujian dina iki.”

“Wah, kepeksa nganggo banyu sing sisane wingi. Anyep njejet! Nggodhogo banyu dhisik kareben ora kadhemen.”

“Ora wis, banyu kae wae cukup!”

“Ya karepmu! Nanging adheme ora mekakat. Yen kuwat ya mangga!”

Dheweke wis langsung mlebu kamar mandi lan nutup lawange.

Ngenteni wektu jam sanga esuk iki rasane suwe. Wayah jam sanga iku toko-toko lagi padha bukak. Ing pangarep-arep, dina prei iki isih ana toko sing gelem bukak. Yen nganti ora ana, ateges dina iki aku sak kluwarga durung bisa adus, ngenteni sesuk esuk!

Kaya padatan, angger ana wektu sela ing ngomah, aku ngajak anakku sinau. Wis suwe rasane ora duwe wektu kanggo ngelingake anakku bab-bab kang anyar, sing dak anggep dheweke durung ngerti. Wektu rong jam iku dak anggo ngajari anakku sinau Matematika, operasi Aritmetika sing dheweke durung fasih. Sinau Matematika mono ora mung cukup mangerteni logika lakune operasi etungan, nanging uga kudu nglatih pakulinan. Practice makes perfect!

Rong jam ora krasa wis ngabehi lakune etungan soal cacah loro. Anakku iki uga katon wis sayah anggone mikir. Adhine sing isih umur rong taun iku mung bisa nirokake bapake ngendikan apa wae marang mbakyune. Ibune uga wis pamit kawit mau kanggo nglakoni ujian ing kampus. Anggone adus mau embuh resik apa ora, sing genah mau katon nyethithis, ndhrodhog kadhemen metu saka kamar mandi kembenan andhuk.

Jam sanga esuk dak ajak anakku sakloron, nggeber motor menyang toko besi saprelu tuku piranti tambahan kanggo nyambung mesin pompa air ing instalasi pipa banyu omahku. Tinimbang neng omah mung bocah loro ora ana sing ngawasi. Rewange pamit mulih ing dina-dina prei.

“Wis ayo, Ndhuk! Cancut taliwanda!” iku biasane ukara kang dak anggo ngajak anak-anakku kareben enggal-enggal budhal.

“Cancut taliwanda!” saute anakku sing gedhe, nadyan ora ngerti apa karepe.

Cancuk... anda!” sing cilik ora kalah sanadyan isih pelo anggone ngucap ukara-ukara. Andadekake bapak lan mbakyune pringas-pringis sakloron.

Sawise kabeh piranti wis nglumpuk, aku mulai uthak-uthik masang dhewe pompa air mau. Sanajan bisa uga nyeluk tukang, nanging kabeh sengaja daktandangi dhewe. Aku isih durung percaya tukang ing kene, nyambut gawene ora maremake. Yen mung bab pasang instalasi banyu utawa listrik, aku trima nandangi dhewe. Luwih rapi, luwih kepeneran ing karep, sejene uga luwih ngirit.

Pancen rada sauntara anggonku uthak-uthik. Sepisan-pisan anakku takon, “Bapak kok bisa dan tahu cara memasang pompa air, memangnya dulu siapa yang ngajari?” bocah iki pancen gedhe neng ngluwar Jawa, srawunge uga karo bocah-bocah sangkan paran. Jawane wis ilang, dadi kabeh guneme nganggo Basa Indonesia.

Minangka bapa kang becik, aku kudu nggulawentah bocah iki kanthi becik. Sing baku, dheweke kudu ngerti manawa sinau iku ora mung ana bangku sekolahan, nanging ing sajroning ngaurip iki kudu nglakoni laku luru ngelmu. Semono uga bab-bab kang awujud keprigelan kayadene sing lagi dilakoni bapake saiki. Mung wae dheweke iku bocah wadon, lanango wis dak kongkon ngrewangi bongkar-pasang mesin kaya mangkene.

Mesin wis kepasang. Saiki dicoba dhisik. Setrume disambung... mak nyus! Mubeng, nanging banyune durung metu. Kudu dipancing dhisik. Banyu pancingan wis mlebu, sabanjure kran sing ing sandhing pompa air mau langsung ngucur, kaya grojogan kae. Nanging iku mau durung rampung sakabehe, awit isih ono tetenger yen sambungane bocor. Banyu mili saka sambungan antarane mesin lan pipa. Sengaja mau ora dak lem, pikirku kareben gampang anggone mbongkar manawa ana sing rewel. Nanging sajake sambungan mau pancen kudu dak wenehi lem supaya raket.

Wis rampung, mung kari ringkes-ringkes alat lan resik-resik. Lha iki bageanmu, cah ayu! Ayo nyapu!

Jam sewelas awan, wetengku kroncongan, lagi kelingan yen sakesuk durung sarapan. Ndilalah ibune bocah-bocah kok ya durung bali. Ngliweta ndhuk! Gampang kok, wong wis ana piranti elektronik kanggo ngliwet. Mung mususi wae trus ceklak-ceklik ora perlu sumelang yen gosong. Cilikane bapakmu mbiyen nate didhawuhi simbahmu ngliwet nganggo cethik geni grajen, ndilalah lali ngentas segane gosong porong! Ora enak dijaber! Jaman saiki wis canggih, samubarang digawe sarwa otomatis dadi nggampangake lakone urip.

“Durung ana lawuh! Nggorenga endhog ya, Ndhuk?” bocah wolung taun iki pancen wis wancine bisa darbe keprigelan ing pawon. Sanadyan mung ngliwet, nggodhog wedang, nyedhu teh, nggoreng endhog, lan gawe mi instan. Mengko yen wis prigel, kena nyoba ngracik bumbu lan sapiturute. Bapakmu ora darbe keprigelan kaya mangkono, dadi ora bisa ngajari. Iku gawenane wong wadon. Yen masang lampu listrik utawa mbenerake pompa air, iku gaweane bapak!

Yen mung sega karo endhog sajake kok kurang. Nanging weteng iki wis luwe kawit mau. Wis dak ngenthir menyang kios sedhilit. Mbok manawa mi instan bisa kanggo seger-seger, kareben ora garingan. Nanging welingku, iki mau bebukane “luwe”. Dadi ora kena dianggo kebiasaan mangan sega karo mi instan plus endhog dadar. Iku kombinasine pangan sing ora seimbang gizine. Nanging iki mau bebukane “luwe” dadi kabeh iki ngemu surasa “darurat”. Ing pangajab, ibumu enggal rawuh, terus nyukupi gizi sing seimbang tumrap sakabehane.

Wis, saiki wis rampung anggone mangan bebarengan. Adhine didulang themal-themel amarga luwe. Begja kemayangan bapakmu iki darbe anak loro kok nurut kabeh. Ora ditinggal ibune ora kakehan polah!

Wis... ayo cah! Gek ndang Adus! Byurrr!!!

1 komentar:

Anonim mengatakan...

Dongengan(crita) iki marakne aku kelingan wulan kang kepungkur....
Mesin pompa airku dadakan wae suarane ngebret, mehwae kaya blek
nek dikeroki kae. Nek wengi mbrebegi tenan. Tanggaku sing tukang
taksi moyoki aku: wah nek wengi aku 'sih liyer-liyer ngantuk
karo ngenteni pelangganan, mesin pompamu ngeget-geti aku lho!
Aku mung ngguyu, batinanku mbok los, men njebluk misan!!!

Nganti seminggu, aku dhewe terus orah betah ngrungokne mesine!!!
Aku tuku liyane. Kadung teka omah dose(wadahe) takwaca......
Gawean Indonesia: M A D E I N I N D O N E S I A ... WADUH..
Ora biasa, jalaran.... aku ora manggon ning Indonesia!
Aku manggon ning ..... S U R I N A M E ! hahahaha... Warga
Jawa Suriname. Aku kerep ngelingke bojoku nek tuku sabun mandi,
sing saka Indonesia wae, apa nek ngurut nganggo GELICAbalsem otot.
Ora nyana nek bakal tuku mesin pompa air Panasonic saka Indonesia..
Malah lega aku...Awit isih akeh dagangan mesin2 sing luwih guedhe
sing ora ning Suriname...Awit aku wis numpak bis Benz pariwisata,
gawean Indonesia(nek aku 'ra keleru)
Mung ngene wae... salam saka Suriname
Maturnuwun.
D.Sodirijo